Jl. Brigjen Katamso No. 04, Yogyakarta Telp : (0274) 372975
KIRIMKAN ARTIKEL ATAU FOTO ANDA MELALUI EMAIL : perpusmim@gmail.com

Jumat, 07 Oktober 2016

AGEMAN SURJAN NALIKO
 PENGETAN AMBAL WARSA KUTHO NGAYOGYAKARTA


Ageman ingkang dipun agem pelajar kutho ngayogyakarta nalika mengeti ambal warso menika kasebat ageman SURJAN utawi ageman Takwa, Surjan meniko mboten anamung nami  ageman kemawon nanging  Surjan meniko wonten tegesipun ingkah sedaya kawulo ing Ngayogyakarto kedah pirso. Surjan meniko Tegesipun Pepadhang utawi pelita, pramilo sok sinten kemawon ingkang ngagem Surjan  sagedo dados pepadang menggahing  sesami. 

Amargi sedaya kawulo ingkang ngagem Surjan kedah kagungan watak satrio, nggadhadi tekad ingkang kandel, golong gilig mbangun negari. Sifat greget ugi kedah dipun dadosake dasaring kawulo ingkan ngakeni bumi Ngayogyakarta minangka bumi kelahahiran utawi tumpah darah, greged meniko ngemu teges tegas lan bersemangat sengguh datan mingkuh namppi tanggeljawab ngisi kamardikaning bangsa.
 
Menawi kito mirsani lan gatosaken Surjan meniko nggadhahi kancing ing jangga tiga cacahipun utawi 6  kancing, tegesipun miterat Kanjeng Sultan Hamengkubuwana I ingkang nganut Agami Islam menika minangka pralambangipun rukun Islam.
Lengen panjang lan ageman sisih ngajeng peranganing ngandap radi lancip meniko ngemu teges andap asor, lembah manah nanging tegas ingkang ngemu teges.
Kancing ing perangan dada wonten kalih cacahipun kiwo lan tengen meniko tegesipun ngemutaken kalih waosan syahadat. Tiga kancing ingkang katutup ing pranganing ulu hati meniko ngemutaken bilih nggayuh katentremaning gesang meniko kedah nutup tiga nafsuning manungsa inggih meniko : Nafsu kewan, nafsu laumah utawi ngujo dhedhaharan ingkang pungkasan nafsu setan.
Kados meniko werdinipun ageman surjan ingkang dipun agem dening para pelajar kakung.





Kaserat dening : Christianta
 

'

'
'